Sony Xperia E5 - Baterei lan pangaturan daya

background image

Baterei lan pangaturan daya

Piranti wis dipasangi baterei. Kanggo entuk fungsi sing paling apik, terus lacak daya sing

dianggo dening aplikasi lan fitur liya. Fitur irit daya ing latar mburi diaktifake dening gawan

kanggo mbiyantu ngurangi panggunaan baterei, lan mode irit daya tambahan kasedhiya

kanggo mbiyantu ngurangi panggunaan baterei luwih akeh yen diperlokake.
Fitur irit daya ngurangi prioritas fungsi piranti tartamtu sing ora penting, kayata kinerja

gambar sing dhuwur tingkate, aktivitas jaringan kayata layanan panggonan, panylarasan

aplikasi, lan pamindaian Wi-Fi ing latar mburi. Yen ora pengin aplikasi kapengaruh,

sampeyan bisa ngajabakake aplikasi kasebut ing menu optimisasi Baterei. Telpon lan

SMS ora kapengaruh.

Panganyaran sistem uga bisa ngowahi fitur irit daya sing kasedhiya ing piranti.

Ndeleng panggunaan baterei, prakiraan wektu, lan kiyat irit daya

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Panggunaan baterei. Ringkesan nuduhake

persentase baterei lan prakiraan wektu baterei.

3

Sampeyan uga bisa ndeleng dhaptar fitur lan layanan sing nggunakake daya

baterei awit sikulus isi daya trakir. Tutul item kanggo entuk informasi babagan cara

ngurangi panggunaan batereine.

Ndeleng panggunaan baterei kanggo aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Aplikasi.

3

Pilih aplikasi lan ndeleng panggunaane liwat

Panggunaan baterei.

Kiyat panggunaan umum kanggo ningkatake kinerja baterei

Kiyat ing ngisor iki bisa mbiyantu ngapiki kinerja baterei:

Ngurangi tingkat pepadhangan layar, deleng

Setelan layar

ing kaca 54.

Pateni Bluetooth®, Wi-Fi, lan layanan panggonan yen ora merlokake fitur iki.

Pateni piranti utawa gunakake mode Pesawat yen sampeyan ana ing wilayah sing

jangkoan jaringane ora ana utawa sithik. Yen ora, piranti bakal bola-bali mindai

jaringan sing kasedhiya, lan iki ngentekake daya.

Gunakake jaringan Wi-Fi tinimbang roaming nalika ing luar nagari. Roaming yaiku

mindai jaringan asal sampeyan lan merlokake tambahan daya baterei amarga

piranti kudu nerusake data karo daya sing luwih akeh, deleng

Wi-Fi

ing kaca 44.

Owahi setelan panylarasan kanggo email, tanggalan, lan kontak, deleng

Nyelarasake karo akun online

ing kaca 50.

Priksa aplikasi sing nduweni akeh panggunaan baterei lan galihake kiyat irit daya

sing kasedhiya ing piranti kanggo aplikasi iki.

Owahi tingkat kabar kanggo aplikasi, deleng

Kabar

ing kaca 27.

Pateni idin andum panggonan kanggo aplikasi, deleng

Setelan aplikasi

ing

kaca 55.

Busak instalan aplikasi sing ora diaggo, deleng

Layar aplikasi

ing kaca 23.

Gunakake piranti tanpa nyekel asli saka Sony kanggo ngrungokake musik. Piranti

tanpa nyekel ngentekake luwih sithik baterei tinimbang spiker piranti.

Wiwiti maneh piranti kala-kala.

34

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nambah pangejaba menyang fitur irit daya kanggo aplikasi

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Panggunaan baterei.

3

Tutul , banjur pilih

Optimisasi baterei. Sampeyan bakal ndeleng dhaptar aplikasi

sing ora dioptimalake.

4

Kanggo nambah utawa mbusak aplikasi saka dhaptar iki, tutul

Ora dioptimalake >

Kabeh aplikasi. Pilih aplikasi lan opsi sing cocog.

5

Dhaptar aplikasi sing ora dioptimalake bakal dianyari miturut setelan sampeyan.

Sampeyan uga bisa ngatur

Optimisasi baterei saka menu Aplikasi kanthi nutul .

Pangirit baterei

Pangirit baterei fitur sing mumpuni kanggo nambah umur baterei kanthi ngurangi layanan

sing ngentekake daya baterei. kayata kedher, layanan panggonan, lan meh kabeh data

latar mburi. Sampeyan bisa nguripake kanthi manual, utawa nyetel supaya urip kanthi

otomatis nalika persentase tingkat baterei tartamtu wis kagayuh. muncul ing garis

status.

Pangirit baterei mati nalika piranti lagi diisi daya.

Ngaktifake utawa mateni Pangirit baterei

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Panggunaan baterei.

3

Tutul lan pilih

Pangirit batrei.

4

Tutul panggeser kanggo ngaktifake utawa mateni fungsi kasebut.
Kanggo nyetel supaya urip kanthi otomatis tutul

Urupake otomatis lan pilih opsi sing

dipengini.