Sony Xperia E5 - Setelan Internet lan MMS

background image

Setelan Internet lan MMS

Kanggo ngirim pesen multimedia, utawa ngakses internet nalika ora kasedhiya jaringan

Wi-Fi, sampeyan kudu duwe sambungan data seluler sing bisa fungsi nganggo setelan

internet lan MMS (Multimedia Messaging Service) sing bener. Deleng kiyat-kiyat iki:

Kanggo jaringan seluler lan operator umume, setelan internet lan MMS wis dipasang

sadurunge ing piranti sampeyan. Sampeyan banjur bisa wiwit nganggo Internet lan

langsung bisa ngirim pesen multimedia.

Bisa ngundhuh setelan iki liwat Wi-Fi.

Sampeyan bisa kapan wae nambah, ngowahi, utawa mbusak setelan internet lan MMS

ing piranti kanthi manual. Yen sampeyan ora sengaja ngowahi utawa mbusak setelan

internet utawa MMS, undhuh setelan internet lan MMS maneh.

Yen sampeyan ora bisa ngakses internet liwat jaringan seluler utawa olahpesen

multimedia ora fungsi, sanajan setelan internet lan MMS wis bisa diundhuh nyang piranti

sampeyan, deleng kiyat ngatasi masalah kanggo piranti sampeyan ing

www.sonymobile.com/support/

kanggo masalah jangkoan jaringan, data seluler, lan

MMS.

Yen Pangirit baterei diaktifake kanggo ngirit daya, kabeh kiriman data seluler mandheg

nalika layar mati. Yen iki nyababake masalah sambungan, coba alangi sawetara aplikasi

layanan dimandhegi, utawa pateni Pangirit baterei sauntara.

Yen sampeyan nggunakake piranti karo akeh pangguna, mung pamilik, yaiku pangguna

utama, sing bisa ngundhuh setelan internet lan olahpesen saka menu Setelan, nanging

setelan sing diundhuh bisa ditrapake marang kabeh pangguna.

Ngundhuh setelan Internet lan MMS

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Liyane > Setelan Internet.

3

Tutul

Tampa. Nalika setelan wis kasil diundhuh, katon ing garis status lan lalu

lintas data seluler diuripake kanthi otomatis.

Yen setelan ora bisa diundhuh menyang piranti sampeyan, priksa kakuwatan sinyal jaringan

seluler. Pindhaha menyang njaba sing tanpa aling-aling utawa nyedhaka menyang jendhela

banjur coba maneh.

43

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nambah setelan Internet lan MMS kanthi manual

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Liyane > Jaringan mobile.

3

Tutul

Jeneng Titik Akses > .

4

Tutul

Jeneng lan ketik jeneng sing dipengini.

5

Tutul

APN banjur ketik jeneng jalur akses.

6

Ketik kabeh informasi liyane sing diperlokake. Yen sampeyan ora weruh apa wae

informasi sing diperlokake, hubungi operator jaringan kanggo rincian luwih

lengkap.

7

Yen wis rampung, tutul , banjur tutul

SIMPEN.

8

Kanggo milih APN sing bubar ditambahake, tutul tombol radio ing jejere jeneng

APN. Yen wis dipilih, APN iki dadi APN gawan kanggo Internet lan layanan MMS.

Ndeleng setelan Internet lan MMS sing diundhuh

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Liyane > Jaringan mobile.

3

Tutul

Jeneng Titik Akses.

4

Kanggo ndeleng rincian luwih akeh, tutul item sing wis sadhiya.

Yen sampeyan duwe sambungan sumadhiya luwih saka siji, sambungan jaringan sing aktif

katon saka tombol sing ditandhani.