Sony Xperia E5 - Setelan kamera video

background image

Setelan kamera video

Nyetel setelan kamera video

1

Aktifake kamera.

2

Usap menyang

.

3

Kanggo nuduhake setelan, tutul .

4

Pilih setelan sing arep disetel, banjur genti saksenenge.

Ringkesan setelan kamera video

Werna lan pepadhang

Sampeyan bisa ngatur werna lan pepadhang kanthi manual nalika lambang pengaturan

werna lan pepadhang dituduhake.

Pamilihan gambar

Fitur pamilihan gambar mitulungi sampeyan supaya bisa cepet nyetel kamera kanggo

kahanan umum nggunakake gambar video sing wis diprogram dhisik. Saben setelan

sesawangan dirancang kanggo ngasilake video paling apik ing lingkungan rekaman

khusus.

Mati

Fitur pamilihan gambar mati lan sampeyan bisa ngrekam video kanthi manual.

Potret alus

Gunakake kanggo ngrekam video sing latar mburine lembut.

Bawana

Gunakake kanggo video mujur. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

Gambar bengi

Yen diuripake, sensitivitas cahya bakal tambah. Gunakake ing lingkungan sing kurang cahya. Video

kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga supaya tangan anteng, utawa gunakake

panyangga. Pateni mode peteng yen kondisi cahya apik, kanggo nambah kwalitas video.

Pantai

Gunakake kanggo video sesawangan pinggir segara utawa tlaga.

98

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Salju

Gunakake ing lingkungan sing padhang supaya video ora kepadhangen.

Olahraga

Gunakake kanggo video sing obyeke obah cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem amarga

obah.

Pesta

Gunakake kanggo video ing njero kamar ing lingkungan sing surem. Sesawangan iki njupuk cahya

latar mburi njero kamar utawa cahya lilin. Video kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga

supaya tangan anteng, utawa gunakake panyangga.

Resolusi video

Atur resolusi video kanggo format sing beda.

Full HD (30 fps)

1920×1080(16:9)

Format full HD (Full High Definition) nganggo 30 fps lan rasio aspek 16:9.

HD

1280×720(16:9)

Format HD (High Definition) kanthi rasio aspek 16:9.

VGA

640×480(4:3)

Format VGA kanthi aspek rasio 4:3.

MMS

Rekam video sing cocog kanggo dikirim ing pesen multimedia. Wektu ngrekam kanggo format video iki

diwatesi supaya file video bisa pas karo pesen multimedia.

Palacakan objek

Nalika sampeyan milih objek kanthi nutul ing jendhela bidik, kamera bakal nglacak.

Smile Shutter™(video)

Gunakake fungsi Smile Shutter™ kanggo nemtokake eseman apa sing dideteksi kamera

sadurunge ngrekam video.

99

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.