Sony Xperia E5 - Mesthekake piranti kalindhungi

background image

Mesthekake piranti kalindhungi

Piranti ngamot sawetara pilihan kaamanan, paling disaranake yen ilang utawa dicolong.
Pilihane yaiku minangka ing ngisor iki:

Nyetel kunci layar aman ing piranti nggunakake PIN, sandhi, utawa pola kanggo ngalangi

sapa wae ngakses utawa mulihake piranti. Kanggo katrangan lengkap, deleng

Kunci

layar

ing kaca 11.

Tambah akun Google™ kanggo ngalangi wong liya nggunakake piranti yen dicolong

utawa diusap. Kanggo katrangan lengkap, deleng

Ngapa aku butuh akun Google™?

ing kaca 9.

Aktifake “Protection bu my Xperia” utawa layanan web Pangatur Piranti Android™.

Nggunakake salah siji layanan iki, sampeyan bisa goleki, ngunci, utawa format piranti

sing ilang saka kadohan. Kanggo katrangan lengkap, deleng

Nggoleki piranti sing ilang

ing kaca 18.

Merivikasi kapamilikan piranti

Nalika piranti sampeyan kajaga, sampeyan kudu bukak kunci layar nganggo PIN, sandhi,

pola, utawa tik informasi akun Google™ sampeyan gumantung saka fitur proteksi sing

sampeyan gunakake. Ing ngisor iki conto fitur palindhungan lan sawetara kredensial sing

diperlokake:

Proteksi

Pamulihan Data

Pabrik

Sampeyan kudu mbukak kunci layar sadurunge diidinake nindakake Pamulihan Data

Pabrik.

Proteksi dening

my Xperia

Yen sampeyan pulihake piranti saka kadohan gunakake layanan iki, sampeyan kudu tik

jeneng pangguna lan sandhi akun Google™ sing digandengake karo layanan. Piranti

kudu sambung menyang internet sadurunge proses atur wiwitan bisa dirampungake.

Yen ora, sampeyan ora bakal bisa gunakake piranti sawise pamulihan.

Manajer Piranti

Android™

Yen sampeyan pulihake piranti saka kadohan gunakake layanan iki, sampeyan kudu tik

jeneng pangguna lan sandhi akun Google™. Piranti kudu sambung menyang internet

sadurunge proses atur wiwitan bisa dirampungake. Yen ora, sampeyan ora bakal bisa

gunakake piranti sawise pamulihan.

Ndandani piranti

lunak

Yen sampeyan nganggo piranti lunak Xperia™ Companion kanggo ndandani piranti

lunak, sampeyan kudu ngetik jeneng pangguna lan sandhi akun Google™ nalika

sampeyan wiwit piranti sawise rampung didandani.

Kanggo Pengatur Piranti Android™, sampeyan kanggo tik informasi kanggo akun Google™.

Iku bisa arupa akun Google™ sing wis sampeyan atur wiwitan ing piranti. Yen ora bisa

nyedhiyakake katrangan akun nalika proses panyetelan, sampeyan ora bakal bisa nggunakake

piranti babar blas.