Sony Xperia E5 - Babagan Pandhuan pangguna iki

background image

Babagan Pandhuan pangguna iki

Iki Pandhuan Pangguna

Xperia™ E5 kanggo versi piranti lunak Android™ 6.0. Yen ora

yakin versi piranti lunak endi sing lumaku ing piranti, sampeyan bisa mriksa versi ing

menu Setelan.

Panganyaran sistem lan aplikasi bisa nyedhiyakake fitur ing piranti karo cara liyane sing ora

dijelasake ing Pandhuan pangguna iki. Versi Android™ uga bisa ora kepengaruh ing

panganyaran. Kanggo informasi luwih lengkap babagan panganyaran piranti lunak, deleng

Nganyari piranti

ing kaca 35.

Mriksa versi piranti lunak pungkasan ing piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek lan tutul

Setelan > Babagan telpon > Versi Android™.

Nemokake nomer lan jeneng model piranti

1

Saka

Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul .
Nomer lan jeneng model piranti ditampilake.

Watesan layanan lan fitur

Sawetara layanan lan fitur sing diterangake ing Pandhuan pangguna iki bisa uga ora

didhukung ing kabeh nagari utawa wilayah, utawa dening kabeh jaringan utawa

panyedhiya layanan. Nomer Dharurat Internasional GSM tansah bisa dianggo ing kabeh

nagari, wilayah, jaringan, lan dening kabeh penyedhiya layanan, kanggo kuwi piranti

kasambung menyang jaringan seluler. Hubungi operator jaringan utawa panyedhiya

layanan kanggo nemtokake kasadhiyan layanan utawa fitur tartamtu lan manawa

dikenani prabeya akses utawa panggunaan tambahan.
Panggunaan fitur lan aplikasi tartamtu sing diterangake ing pandhuan iki bisa uga

merlokake akses menyang Internet. Sampeyan bisa uga dikenani prabeya sambungan

data nalika nyambung menyang Internet nganggo piranti. Hubungi penyedhiya layanan

nirkabel kanggo informasi luwih lengkap.