Sony Xperia E5 - Akun pangguna akeh

background image

Akun pangguna akeh

Piranti ndhukung akun pangguna akeh supaya pangguna liyane bisa mlebu dhewe-

dhewe menyang piranti banjur nggunakake piranti. Akun pangguna akeh bisa fungsi apik

menawa maneka anggota keluwarga utawa gugus enggo bareng piranti sing padha.

Pangguna bisa nduweni setelan layar ngarep, wallpaper, lan setelan umum sing beda,

uga aplikasi sing bisa diakses lan simpenan memori kanggo file kayata lagu lan foto

dhewe-dhewe.
Yen ana sing pengin nganggo piranti sauntara, sampeyan bisa ngaktifake akun tamu

kanggo pangguna iki. Ing mode tamu, piranti diwiwiti kaya sistem sing anyar diinstal

mung ditambah aplikasi sing wis diinstal sadurunge. Yen tamu wis rampung nganggo

piranti, sampeyan bisa mbusak sesi kasebut nganti resik supaya tamu sawise bisa miwiti

kanthi seger.
Pangguna sing sepisanan ngatur wiwitan piranti dadi pamilik piranti. Pamilik iku

minangka administrator utawa pangguna utama. Akun pamilik ora bisa dibusak nanging

pamilik bisa mbusak akun pangguna tambahan. Sampeyan bisa nambah maksimum

nganti telung akun pangguna biyasa. Akun tamu wis diinstal sadurunge lan ora bisa

dibusak.

Sawetara fitur mung kasedhiya kanggo pamilik. Contone, mung pamilik sing bisa ngakses

kertu SD eksternal.

Nggunakake akun pangguna akeh

Nambahake akun pangguna reguler

1

Pesthikake yen sampeyan mlebu minangka pamilik, yaiku, pangguna sing nyetel

piranti saka kawitan.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna > Tambah pangguna.

4

Tutul

OK. Akun anyar wis digawe.

5

Tutul

SETEL SAIKI. Kunci layar lan lambang sing makili pangguna anyar sing lagi

wae ditambahake katon ing pojok tengen dhuwur.

6

Bukak kunci layar kanthi nggeser ngiwa utawa munggah.

7

Tututi patunjuk ing layar kanggo nyetel wiwitan akun pangguna.

Yen ana wong sing nganggo akun anyar arep nyetel akun nanging saiki ora bisa, sampeyan

bisa nutul

ORA SAIKI ing jangkah 5. Nalika pangguna wis siyap, dheweke bisa milih

Pangguna ing ngisore Setelan lan ndeleng akun anyar, sing katon minangka Pangguna anyar.

Tutul wae akun lan tututi patunjuk kanggo ngrampungake penyetelan.

Sampeyan uga bisa nambahake akun pangguna reguler saka garis status sembarang layar.

Seret wae garis status mengisor lan tutul lambang pangguna, banjur tutul

Tambah pangguna.

Ngaktifake akun pangguna tamu

1

Pesthekake yen sampeyan wis login minangka pamilik, yaiku, pangguna sing

sepisanan ngatur wiwitan piranti.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna > Tamu.

Sampeyan uga bisa ngaktifake akun pangguna tamu saka garis status ing layar ngendi wae.

Seret wae garis status mengisor nganggo rong driji lan tutul lambang pangguna, banjur tutul

Tambah tamu.

59

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngalih antara akeh akun pangguna

1

Kanggo ndeleng dhaptar pangguna, seret garis status mudhun nganggo rong driji,

banjur tutul lambang pangguna ing sisih ndhuwur tengen layar.

2

Tutul lambang sing nuduhake akun pengguna sing arep dienggo ngalih. Layar

kemunci kanggo akun pangguna kuwi muncul.

Yen sampeyan ngalih menyang akun tamu, tutul

Wiwiti maneh yen sampeyan pengin mbusak

sesi sadurunge utawa tutul

Ya, terusake kanggo nerusake sesi sadurunge.

Saben pangguna bisa nemtokake layar kemuncine dhewe. Deleng

Kunci layar

ing kaca 11.

Ngidini pangguna reguler nelpon lan nggunakake SMS

1

Pesthekake sampeyan login minangka pamilik.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere pangguna sing cocog, banjur seret panggeser ing jejere

Uripake

telpon & SMS menyang tengen.

Ngidini pangguna tamu nelpon

1

Pesthekake sampeyan login minangka pamilik.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere

Tamu, banjur seret panggeser ing jejere Uripake telpon

menyang tengen.

Mbusak akun pangguna reguler saka piranti

1

Pesthekake sampeyan mlebu minangka pamilik.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Tutul ing jejere jeneng pangguna sing arep dibusak, banjur tutul

Busak

pangguna > Busak.

Mbusak data sesi tamu

1

Pesthekake sampeyan mlebu nyang akun tamu.

2

Saka layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Pangguna.

4

Golek banjur tutul

Busak tamu.

5

Tutul

Busak.

Sampeyan uga bisa ngresiki sesi tamu saka garis status ing layar apa wae minangka

sampeyan mlebu nyang akun tamu. Seret wae garis status mengisor nganggo rong driji lan

tutul lambang pangguna, banjur tutul

Busak tamu.

Setelan akun pangguna akeh

Ana telung jinis setelan ing piranti mawa pangguna akeh:

Setelan sing bisa digenti karo kabeh pangguna lan mengaruhi kabeh pangguna. Contone

basa, Wi-Fi®, Wi-Fi, mode Pesawat, NFC, lan Bluetooth®.

Setelan sing mung mengaruhi siji akun pangguna. Contone panylarasan data otomatis,

kunci layar, maneka akun sing ditambahake, lan wallpaper.

Setelan sing mung bisa dideleng pamilik lan mengaruhi kabeh pangguna, misale, setelan

VPN.

60

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.