Sony Xperia E5 - Aplikasi Video

background image

Aplikasi Video

Gunakake aplikasi Video kanggo muter film lan konten video liyane sing wis disimpen

utawa diundhuh ing piranti. Aplikasi iki uga tumindak minangka pandhuan program TV

karo pilihan sing nuduhake informasi rinci program lan isi sing gegandhengan, kalebu

posting media sosial bab program sing disenengi. Sampeyan bisa nggunakake aplikasi

kasebut minangka kontrol saka adoh fungsi pepak karo piranti omahan sing cocog.

Sampeyan uga bisa muter film ing piranti liya sing nyambung menyang jaringan sing

padha utawa disimpen ing awan.

Sawetara file video bisa uga ora bisa diputer ing aplikasi Video. Kasedhiyan pandhuan

program TV lan kontrol saka adoh maneka miturut pasar lan piranti sing kasambung.

1

Bukak menu layar ngarep .

2

Deleng patunjuk program

3

Segerake isi

4

Kontrol saka adoh

5

Tlusuri Isi

6

Ganti antarane ndeleng isi pustaka, Program terkenal, Program Sing Lagi Siyaran, Serial TV, Film, lan

Program-program sing disaranake.

7

Seret pinggir kiri layar menyang tengen kanggo mbukak menu, nlusuri isi, lan ngatur setelan.

8

Tutul program kanggo kasinungan katrangan rinci lan isi kagayut

Nggunakake piranti minangka kontrol saka adoh

Kanggo nggunakake piranti minangka kontrol saka adoh karo piranti omahan sing

cocog, sampeyan perlu nggathukake piranti dhisik. Kanggo nindakake iki, kabeh piranti

perlu disambungake nyang jaringan sing padha. Kanggo informasi luwih lengkap bab

piranti sing cocog, bukak

Dhaptar piranti sing cocog

.

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur goleki lan tutul

Video.

2

Tutul kanggo mbukak menu layar ngarep, banjur tutul

Tambah piranti.

3

Pilih piranti asal saka dhaptar.

4

Tik nomer pandhaptaran sing dituduhake ing piranti asal lan tututi patunjuk

kanggo ngrampungake gathukan.
Sawisa bisa nggathukake, lambang kanggo fungsi kontrol saka adoh bakal muncul

kanggo mbisakake sampeyan nggunakake piranti minangka kontrol saka akeh fungsi

lengkap kanggo piranti omahan.

106

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Kanggo ngowahi setelan

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur goleki lan tutul

Video.

2

Tutul kanggo mbukak menu layar ngarep, banjur tutul

Setelan.

3

Owahi setelan kaya sing dikepengini.

Muter video

1

Saka Layar Ngarep, tutul , banjur goleki lan tutul

Video.

2

Golek banjur tutul video sing arep diputer. Yen video ora ditampilake ing layar, tutul

kanggo mbukak menu layar ngarep, banjur golek lan tutul video sing pengin

diputer.

3

Kanggo nampilake utawa ndhelikake kontrol, tutul layar.

4

Kanggo ngaso, tutul . Kanggo nerusake muter, tutul .

5

Kanggo nggulung mundhur cepet, seret panandha garis progres ngiwa. Kanggo

nggulung maju cepet, seret panandha garis proges nengen.

Nggenti setelan swara nalika video lagi muter

1

Nalika video diputer, tutul layar kanggo nuduhake kontrol.

2

Tutul >

Setelan swara, banjur genti setelan kaya sing dikarepake.

3

Yen wis rampung, tutul

OK.

Kanggo nuduhake video

1

Nalika video lagi muter, tutul , banjur tutul

Enggo bareng.

2

Tutul aplikasi sing arep digunakake kanggo enggo bareng video sing kapilih,

banjur tindakake langkah sing cocog kanggo ngirim.